Liberkasi Spensatra: Materi Kelas 9
Terbaru
Loading...
Tampilkan postingan dengan label Materi Kelas 9. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Materi Kelas 9. Tampilkan semua postingan

Jumat, 03 Juli 2026

Materi Kelas 9 - Susuh Manuk

Materi Kelas 9 - Susuh Manuk




Liberkasi - Wacanen teks kanthi saksama sadurunge mangsuli pitakon.


Susuh Manuk

Ana susuh manuk ing sandhuwure wit Sana. Wis sawetara dina iki katan babone manuk nggawa pakan kanggo anak-anake. Satemene Parta, Wanta, lan Trimakno lagi bae mangerteni anane susuh mau. Nanging bocah-bocah mau padha ngarang crita yen meruhi paling dhisik anggone manuk Thilang mau nusuh ing Sana.

“Wis suwe aku ngerti nalika lagi gawe susuh,” kandhane Wanta.

“Aku ya wis suwe,” imbale Parta.

“Aku ya wis suwe,” Trimakno ora gelem kalah.

“Kang paling dhisik mesthi aku!”

“Ora mungkin aku kang dhisik dhewe!”

“Pokoke aku…!”

“Aku ngerti nalika manuk mau golek susuh saka kebone Kang Mardi,” Wanta nyakinake kanca-kancane.

“Bener, aku ngerti sesasi ndhisik,” ujare Parta luwih nyakinake.

“Aku wiwit rong sasi kepungkur.”

“Yen kowe wis telung sasi kepungkur, ateges anake wis padha gedhe lan bisa mabur adoh. Ateges susuh mau wis ditinggal,” clathune Wanta sajak menang.

“Pokoke aku kang paling nduweni hak marang anak-anak manuk mau,” ujare Parta.

“Ora bisa, kudune kang duweni aku!” Wanta ora gelem kalah.

“Aku!”

“Aku!”

“Aku!”


Bocah telu ora ana kang gelem ngalah. Kabeh rumangsa paling nduweni hak anak-anak manuk Thilang iku. Meh bae dadi tukaran. Tujune Wanta bisa nyegah kanca-kancane amrih ora ana kang mara tangan.


“Wis, wis, aja regejegan terus. Mbok digawe bedhamen bae!” Wanta ngajak kanca-kancane.

“Maksude?”

“Ngene, biasane manuk Thilang kuwi anake telu. Mbok dibagi siji-siji bae.”

“Wah, ide kang apik. Aku setuju. Ning piye yen anake mung loro utawa siji?” Trimakno miterang.

“Yen ngana sapa kang gelem menek, ya kuwi kang ngehaki manawa anake mung siji” usule Parta.

“Bener, aku setuju usulmu,” ujare Trimakno.

“Yen anake loro?” Wanta takon maneh.

….

Bocah-bocah mau wis gawe pasetujon. Parta wiwit menek wit sana kang dhuwure watara rolasan meter kuwi. Sawetara iku Wanta lan Trimakno rumangsa menang. Awit dheweke wis mesthekake yen anak Thilang kuwi cacahe ana telu. Dadine ora susah kangelan nanging wis entuk bagen. Nanging rasa seneng mau owah dadi sumelang. Awit bocah loro mau ngerti manawa Parta arep tekan dhuwur.

Nalika iku Parta wis meh bisa ngranggeh susuhing manuk. Katan pating bleber babone manuk aweh tandha manawa ana bebaya tumrap anak-anake. Sanalika anak-anak Thilang mabur pating bleber menyang wit Trembesi kang luwih dhuwur. Parta mung bisa mlongo. Kanthi rasa cuwa dheweke bakal mudhun. Sikile rasane kaya-kaya dilolosi balunge. 

Sakujur awak krasa gemeteren. Kanthi ngrangkul wit sana Parta nangis gero-gero. Mangerteni kancane ora bisa mudhun, Wanta lan Trimakno bingung. Arep nulungi nanging kepriye carane? Bocah loro mau mung bisa nangis kaya Parta. Krungu ana bocah pating jlerit, Kang Mardi mara. Kang Mardi lagi nggarap tegale kang ora adoh saka kana.


“Ana apa kok pada nangis?”

“Ka,,,ka,,,kae Kang, Par, Par, Par, Par,,,ta,,,” jawabe Wanta karo nuding wit sana papane Parta ngrangkul kenceng kanthi banget kaweden.

“Wis kana njiliha andha Pak Wangsa!” prentahe Kang Mardi menyang Wanta lan Trimakno. Kang dikongkon enggal-enggal ngleksanakake. Ora let suwe Parta kasi ditulungi kanthi slamet. Ora lali ngaturake panuwun marang Kang Mardi.

“Mangkane bocah-bocah,, aja padha gawe apa kang wis ana ing alam iki dadi owah.  Kaya manuk iku wis duwe susuh ing kana ya ben aja di otak-atik. Ben padha urip tentrem. Aja dijupuk aja dirusak! Malah kudu dijaga ben tetep asri alam iki,” pituture Kang Mardi.

“Nggeh Kang nyuwun ngapura, ra maning-maning rebutan susuh manuk malah gawe manuke mabur lunga saka susuhe,” wangsulane bocah telu iku.


Parta, Trimakno lan Wanta banjur balik omah lan ora pan maneh-maneh rebutan susuh manuk maneh.
Materi Kelas 9 - Cupumanik Astagina

Materi Kelas 9 - Cupumanik Astagina



Cupumanik Astagina

Diceritakake ing setunggal pertapan wonten gunung Sukendra ingkang dipanggeni Resi Gotama uga kaluarganipun. Resi Gotama menika salah seteunggaling keturunan saking Bathara Ismaya. Piyambakipun nggadhahi kakang kanthi asma Prabu Kartawirya ingkang mandhapaken Prabu Arjunasasrabahu. Amargi jasa uga bektosipun ing para dewa, Resi Gotama diparingi satiyang widadari kahyangan kanthi asma Dewi Windradi. 

Salebet bebrayan piyambake sedaya kagungan tiga putra kanthi asma Guwarsa, Guwarsi, lan Dewi Anjani. Amarga gedene rasa tresna ing Dewi Anjani, Dewi Windradi ingkang mboten liya nggehmenika ibunipun mboten kemutan wejangan saking Bhatara Surya. Piyambakipun nyukakaken pusaka kedewatan Cupumanik Astagina dhateng Dewi Anjani. 

Padahal nalika nyukakaken Cupumanik Astagina dhateng Dewi Windradi, Bhatara Surya sampun paring wejangan konjuk mboten angsal nunjukaken, napa malih ngabritaken pusaka kedewatan punika dhateng tiyang sanes, sinaosa punika putranipun piyambak. Menawi wejangan punika ngantos dilanggar, kedadosan ingkang mboten dikarepake badhe kedadosan tanpa saged dibendung malih.

Perlu kita mangertosi bilih Cupumanik Astagina menika satunggaling pusaka kadewatan ingkang miturut para dewa mboten angsal ditingali utawi dipendhet dening manungsa. Larangan menika amargi Cupumanik Astagina, kejawi nggadhahi khasiat sekti ingkang linangkung ugi ing lebetipun ngandung wados kegesangan alam yektos uga alam kasuwargan. 

Kaliyan mbikak Cupumanik Astagina, langkung mangkokipun saged dipuntingal kaliyan yektos uga pertela gambaran swarga ingkang sarwa polos, suci uga kebak kanikmatan. Sawentara saking tutupe saged dipuntingal pertela sedaya kegesangan sedaya makluk ing jagad menika. Khasiat kasekten pusaka Cupumanik Astagina nggeh menika saged ngebaki sedaya ingkang dipuntedha dening ingkang kagungan.

Raos tresna majeng putrinipun sampun ngesupenaken wejangan saking Bhatara Surya. Cerita saterusi banjur Dewi Windradi maringaken Cupumanik Astagina dhateng Dewi Anjani, kaliyan pesen kajengipun mboten nunjuke pusaka kesebat sinaosa dhateng bapakipun utawi dhateng adhi-adhinipun. Mukawis kalepatan dipuntumindakake dening Dewi Anjani. 

Samukawis dinten nalika piyambakipun badhe nyobi kesaktian saking pusaka Cupumanik Astagina, para tunggalipun nggeh menika Guwarsa uga Guwarsi ningali menapa ingkang dipun tumindakake dening mbakyunipun. Kedadosana keribetan ing antawis piyambake sedaya sami rebutan pusaka Cupumanik Astagina. Anjani nangis banjur lapor dening ibune, sawentara menia Guwarsa uga Guwarsi wadul dening bapakipun. Malah kanthi emosi Guwarsa uga Guwarsi nuduh Resi Gotama mboten adil kaliyan anak.

Tuduhan saking Guwarsa lan Guwarsi damel Resi Gotama sedhih uga prihatos, amergi piyambakipun rumaos mboten nate ndamel mekaten. enggal piyambakipun dawuh dening Jembawan, rencangipun konjuk nimbali Dewi Anjani uga Dewi Windradi. Amargi raos ajrih uga bektos dhateng bapakipun, Dewi Anjani ngabritaken Cupumanik Astagina dhatengResi Gotama. 

Dewi Anjani banjur cerita, menawi pusaka punika paweweh saking ibunipun. Dewi Windradi mendel mboten mboten wantun matur saking pundi piyambakipun angsal pusaka kadewatan kesebat. Sikap Dewi Windradi menika ndamel Resi Gotama duka, ngantos ngutuk Dewi Windradi dados patung. Kaliyan kasektene, diuncalke patung punika, lan dhawah ing taman Argasoka keraton Alengka.

Salam Literasi

Survei

[Survei][recentbylabel2]

Galeri

[Galeri][recentbylabel2]
Notification
This is just an example, you can fill it later with your own note.
Done